Wiralodra miturut Arsip (Catetan) Belanda

Nlitihi tokoh Wiralodra iku akéh kasusahan lan alangané, ning mangsa kapungkur akéh pegiat sejarah Dermayu ngomong yén alangan kang utama iku krana sebab arang atawa langkané berita sing nyebutaken tokoh iki. Wis dadi kalumrahan sing wis diweruhi catetan kang dianggo ning Tim Tahun 1977 yaiku Naskah Babad Dermayu rupa tembang macapatan lan Naskah Babad Dermayu asal saking Trah (bahan Rontal lan Kulit Kewan). Namung isi kandungan saking rong sumber mau kadelengé anakronis (selang sontang), lan uga Tim nambahaken kelawan nganggo catetan sing asalé saking Arsip VOC sing kasebut Daghregister atawa catetan pedinan. Ning kono katulis aran tokoh Wiralodra, hal ini gawe cukup nglegakaken ati, akhiré tokoh kien mémang bener katulis dudu sakedar tokoh fiktif (bli jelas). Mung ana bédané ning angka tahun, ngenai tahun kauripané tokoh mau antara sing disebutaken saking sumber Rontal lan Daghregister.

Kita déwék melu nlitihi kelawan alon-alon bab perkara tokoh Wiralodra, mulai ning tahun 2009 iku olih akéh catetan anyar yaiku antarané Naskah Babad Bagelén. Ning kono kepanjing salah sawiji epang katurunané saking garis adiné Wiralodra sing Banyu Urip, Bagelen. Miturut Naskah Babad Bagelen lan catetan sarasilah Trah Banyu Urip, Wiralodra memang bener asal sing kana kelawan aran sewaktu ciliké “Bagus Taka” nduwéni adi “Bagus Singa, namung tokoh kien urip ning jaman Kerajaan Mataram Sultan Agung kang mrentah ning 1613-1645. Kaki (bapatua) kelorone yaiku Kyai Wunut kang minangka sakabat saking Kyai Tumenggung Singaranu Patih Mataram, mangka Bagus Taka lan Bagus Singa melu didaftaraken dadi Prajurit Mataram kelawan tugasé dadi Wirabedama kang ngurusi gudang senjata Prajurit Mataram. Ning kelanjutané krana keloroné kagolong duwé prestasi mangka Bagus Taka lan adiné dianugrahi gelar kalungguhan maring Susuhunan Mataram. Bagus Taka kaangkat nama Mantri Wiralodra lan adiné dadi Mantri Singapati, keloroné diganjar tanah 800 cacah jiwa (domas) ning Desa Andong Banyu Urip. Pada waktu pristiwa Serangan Mataram ning Batavia sing keloro nglawan VOC ning tahun 1629 Wiralodra lan adiné ditimbali Susuhunan sertané dipélokaken ning Pasukan Pangeran Purbaya kang mangkat ngliwati jalur lautan. Wiralodra dadi Tumenggung kelawan tanggung jawab minangka Pingpinan Perang Pasukan Laut Mataram. Pasukané ndarat ning Jayakarta, namung sewaktu ning akhiré Mataram durung kasil maksud nalukaken VOC mangka pasukan ditarik mundur, sajeroné Naskah iku diceritakaken Tumenggung Wiralodra ora gelem balik maning meng Mataram sebab lantaran ngrasa isin lan wedi bakal olih bebendon Susuhunan Mataram. Wiralodra njaluk bagian warisan Pusaka saking adiné lan miyang meng Jayakarta duwé maksud dagang.

Sing jelas berita saking Naskah kien, najan sing teka ning kula-kulaan kagolong salinan enom, tapi nyiréni bab anané tokoh kang aran Wiralodra sing asalé saking Banyu Urip serujukan karo berita Babad Dermayu. Bagian alur critané Wiralodra ora gelem balik marang Mataram (desersi) mungkin minangka aib kang kudu disamaraken nang keturunané ning sajeroné Babad Dermayu. Mangka ning bagian awal mula buka Babad Dermayu katemu cerita perjalanan Wiralodra ngulati Cimanuk luwih nyerupai kisah pengembaraan tokoh kang olih macem-macem alangan lan cobaan, awal angsal petunjuk saking Hyang Agung lan akhire dadi olih jayané.

Krana ketarik kelawan kabar berita saking Buku Tahun 1977 kang nyertataken lampiran katerangan Wiralodra dumasar catetan VOC, mangka kula-kualaan ngulati arsip mau. Pada tahun 2019 awal ngulati iku olih gawé, sajeroné catetan pedinan ning antarané tahun 1663,1678,1679,1681,1682 aran Ngabehi Wiralodra (Ingabey Wiera Loddra) katulis cukup akéh lan tentuné nganggo nami "Dermayu-Indermayu-Indramayu".

Tahun 1663 sejeroné catetan iku kasebut aran Wiralodra ditulis mung nganggon "Kyai Wiralodra" lan kesangkut tunggakan utang ning sawiji rangda Belanda, ditulis yén Wiralodra miskin pisan. Mungkin bae sewaktu iku déwéké masih ana ning Batavia (Babad Bagelén nulisaken dedagangan).

Ning tahun 1678 yaiku ning wulan Juni déwéké wis kasebut "Kyai Ngabehi Wiralodra" (Keey Ingabey Wiera Loddra) lan njabat minangka Gubernur di Indramayu (Gouverneur Tot Indermayu). Ning tahun 1681 ana berita nyebutaken tokoh "Ngabehi Wirapati anak Kyai Ngabehi Wiralodra Indramayu". Berita kien kasebut penting kanggo ngyakinaken yén tokoh Wiralodra ning tahun 1678 miturut catetan kolonial kien yén Wiralodra kesiji krana Wirapati miturut naskah Babad Dermayu yaiku anaké Wiralodra lan mengko kang ganti kelungguhané, cocog kelawan catenan pedinan tahun 1681 mau.

Tahun 1682 ana berita nyebutkaen tokoh Kyai Ngabehi Wiralodra wis séda, lan Wirapati sing arep nggenténi kelungguhané minangka Gubernur Indramayu kelawan sebutan atawa gelar "Kyai Ngabehi Wiralodra". Anadéné Wiralodra I lan Wirapati iku sami-sami njalanaken kapemréntahan atas nami Raja Mataram yaiku Susuhunan Amangkurat Sénapati Ingalaga Kartasura (Sunan Amangkurat II).

Sawise ketemu tugelan-tugelan berita kien, mangka tinggal framing situasi politik saat kuen, kula-kulaan nemokaken berita yén tanggal 15 Januari 1678 iku ana kedadian perjangjian antarané VOC sing diwakili ning Admiral Cornelis Speelman lan Pihak Mataram sajeroné nota penggadaian Bandar Semarang, minangka akibat utang Mataram ning atasé bantuan Pasukan Militer VOC sajeroné ngusir lan ngudag Pasukan Trunajaya sing wis ngrebut Istana Mataram ning tahun 1677. Sajeroné perjangjian iku VOC nduwéni hak kanggo ngangkat Gubernur lan Syahbandar ning Bandar Pelabuhan sing wis ditangani déwék.

Arsip-arsip VOC ning Arsipnas RI iki kelangkung kathah lan maksih nganggé Bahasa Belanda Abad 17-an, mangka perlu ditermahaken kelawan carané dewek. Ning waktu kien kula-kulaan lagi nunggu dokumen visual (gambar-gambar) lan salinan-salinan surat sin ana kaitané kelawan tokoh Wiralodra, kayadéné :

1. DR, 3 Juni 1678 (Salinan surat kanggo para Bupati Jawa ning Indramayu saking Batavia isine nyeritakaken Rekomendasi Ngabehi Wiralodra dadi Gubernur Indramayu lan netepaken maning Wangsaperdana/Cina Muslim dadi Syahbandar Dermayu);

2. DR, 22 Juni 1678 (Salinan Surat Gubernur Jenderal kanggo Ngabehi Wiralodra);

3. DR, 27 Februari 1682 (Salinan Surat Ngabehi Wirapati kanggo Gubernur Jenderal ning Batavia) ;

4. DR, 7 Juni 1682 (Salinan Surat Kyai Ngabehi Wirapati utawa Kyai Ngabehi Wiralodra (ii) Indramayu ning Gubernur Jenderal Batavia, isiné nyeritakaken gegentén kelungguhan Gubernur sawisé rama Wiralodra tilar dunya lan wis ngadep marang Susuhunan Mataram ning Semarang).

Nyambung….

contohe salinan surat Gubenur Jenderal marang Sunan Mataram 1697 (arsip daghregsiter)

 

0 Response to "Wiralodra miturut Arsip (Catetan) Belanda"

Posting Komentar